Macapat Kolaborasi, Apa Kuwi…?

Jane mono mung tembung akal-akalan disengguh katon modern, melu basa gaul, tumrape bocah kanoman. Akale warga Pagupon Kopong ing Roemah Martha Tilaar Gombong, kanggo narik kawigatene para kanoman supaya gelem melu sinau lan nduweni seni Budaya Macapatan.

Ora beda kaya warung sembako, je­nenge nganggo Mart utawa Mall, warung wedang dadi Café, senajan kang di­dol ya meh padha karo kang ana ing wa­rung Angkringan. Watone bisa nganggo basa manca rasane kaya luwih gaul sarta gawe mongkog. Apa iya mangkono?

Budaya tradhisi macapatan jaman kawuri biyasane katindakake nalika ana bayi lair nganti puput puser udakara se­pasaran, banjur diarani Muyen. Kadhang kala uga kanggo ngregengake malem towong utawa malem midoda­reni, ing daleme sedulur kang arep mba­rang gawe mantu. Biyasane ditindakake ing wayah bengi sedina sak durunge temu manten, ana ing adicara Tebusan Kem­bar mayang.

Miturut adat kang lumaku ing jaman kawuri mau, para tamu kang kajibah ma­capatan, lenggahe gawe kalangan mubeng, nembange maca buku babad utawa rerepen macapatan liyane, sarana nembang siji-siji gilir gumanti. Tumrape bocah kanoman saiki ya krasa ngantuki lan mboseni, malah sok njuwarehi. Apa maneh kanggone kang durung kenal tembang macapat, saya krasa megahi tenan. Dikon sinau nembang macapat, mesthi akeh gedhege, katimbang man­thuke. Ah, mboten mawon. Sing ajeng nanggap macapatan kaya niku, sinten mbah?

Lha iya, ya. Umpama wis gelem sinau wis pinter macapatan, kang arep nang­gap sapa? Ya, aluwung sinau nembang lagu-lagu pop, apa ndhangdhut utawa campursari, yen rupane bagus apa ayu, senajan sangune swara mung pas-pasan, isih bisa melu tanggapan.

Ucupe pancen kanggo nguri-nguri bu­daya dhaerah, minangka ciri kapri­badening bangsa. Mula warga Pagupon Kopong Roemah Martha Tilaar Gombong kang dipandhegani dening Ki Sabur Herdian Raamin, bebarengan Ki V. Sigit Tri Prabowo Atmodiwongso lan Ki Trimo Raharjo, sarta dibiyantu Ni. Alona No­venta, darbe tekad, kanthi maneka cara supaya budaya macapatan tetep bisa lestari lan ngrembaka. Tekade, macapat aja nganti cures, kaya tekade Mat Kauli saka Jawa Timur, apadene Rama Praja lan Rama Dwija saka Pamulangan Ma­capat Kridha Mardawa ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Kamangka sing jeneng macapatan biyen-biyene genah tanpa iringan. Mligi swara lesan thok.
Kalangan Macapat Pagupon Kopong ngadani pasinaon tembang lan kawruh utawa ngelmu macapat, supaya aja mboseni banjur diselingi maca gegu­ritan, uga kadhang kala kanggo ngiringi maca geguritan sarta kanggo ngiringi pentas Teater/ Sandiwara basa Jawa. Bab kawruh macapat kuwi dening warga Pagupon Kopong banjur sinebut Maca­patologi, ya pancen ana-ana wae akale. Amarga saka ngadani pementasan ma­capat bebarengan ngiringi maca guritan lan pentas Teater kuwi mau, banjur tuwuh tembung Macapat Kolaborasi.

Pranyata ada-ada Macapat Kolabo­rasi mau bisa narik kawigatene kadang Tetet Srie WD, sawijining tokoh seniman Koreografer lan Analisis seni pertun­jukan, kang nate melu nangani workshop ing Peter Brook-Perancis. Panggagas utama Jakarta International Of the Performing Art Festval, Jakarta On The World, sarta panampa penghargaan koreografi saka Centrale E’Cole Uni­verstiy-Perancis iki, biyen lulusan saka Lembaga Kesenian Jakarta/Institut Ke­senian Jakarta, kelahiran Yogyakarta. Karya koreografine kadang Tetet Srie WD wis asring menang ing ajang festival apa dene kompetisi, ora kurang saka 40 karya. Antara liya kang kawentar ya kuwi: In Memoriam Of Maria Callas, Perjalanan Di antara Abad dan Mitos, berburu Jangkrik Berkepala Rembulan, lan Gusti Kanjeng Ratu Kalinyamat. Ka­jaba uga asring ngadani panaliten ka­budayan ing sak jroning negara apa dene manca negara (Malaysia, Singapore, Filipina, Jepang, Italia, Belanda, Pe­rancis, Jerman, Spanyol, Mesir. Honga­ria, Cekoslovakia, Korea, Taiwan lan liya-li­yane). Nalika te­lung sasi ke­pungkur, ma­pan ana ing Roemah Mar­tha Tilaar-Gom­bong, Tetet Srie WD, kaja­ba oleh andha­ran kawruh Ma­­capat lan Ge­­guritan kanggo para warga sutresna seni macapat lan guritan ing kutha Ke­camatan Gombong lan sa­kiwa tengene, uga klakon pentas be­barengan warga Pagupon Kopong, ang­gelar pentas Ma­capat lan Geguritan, mentasake pethikan serat Dras Sumu­nar, karyane kadang Tete Srie WD kang nate dipentasake ing 154-Boulevard Bineau 92200 Neully sur Siene-Perancis. Serat Dras Sumunar isine kebak pi­wulang luhur, wewarahe wong tuwa marang para putra-putrane anggone mecaki panguripan murih rahayu ing donya lan akherate.
Senajan mung latihan rong dina, nyatane bisa gawe eram, gumun sarta ngungune para penonton. Kawiwitan pentas tari para remaja putra putri garapane Ibu Desi Liasari, diterusake sekar kidung Sesinggah kang digarap Teater/Sandiwara basa Jawa dening Kelompok Teater Pagupon Kopong, minangka gagasane Ki Sabur Herdian Raamin sarta disutradarani dening Sdl. Hugo Gian Sastrodarmojo, banjur di­terusake macapat serat Dras Sumunar, dumadi saka pupuh Dhandhanggula, Mijil, Asmaradana, Sinom, Pucung, Pang­kur lan Durma, antarane 10-12 pada saben pupuhe.

Sarta diselingi maca Geguritan: Dhuh Pangeran, Katresnan, Ing Wanci Dalu, Dina Iki Dinane Pangeran, Platarane Gusti, Pucuking Katresnan lan Luh Garing Wolulas Taun, kabeh karyane kadang Tetet Srie WD nyawiji ana ing serat Dras Sumunar. Jroning pentas dibiyantu dening Ki V. Sigit Tri Prabowo Atmodiwongso, Ni Ika Lusiarti, Ki Trimo Raharjo, Ki FX. Sugianto, Nyi Sukinah, Ki Wagimin lan Ki Bambang Tri Suwandi, sarta warga Pagupon Kopong liyane, iringane cukup gender barung laras Slendro lan Pelog dening Ki. Surawan. Anggone pentas nganti rampung penontone ora krasa bo­sen, malah dikira durung purna. Nyata­ne tembang macapat bareng digarap temenan bisa narik kawigatene masya­rakat penontone. Kadang Tetet Srie WD anggone nembang pancen ora mung waton nyuwara, nanging nyata dijiwani lan dirasakake tenan, bisa gawe seneng, bisa gawe guyu, bisa gawe nesu nanging uga bisa gawe trenyuh penontone. Jan olah rasa temenan.

Perkara Macapat Kolaborasi iki uga kasil narik kawigatene sawijining priyayi putri kang asli saka kutha Shinosima provinsi Hiroshima Jepang, jenenge Junko Higashi kang lagi udakara patang wulan sinau macapat ana ing Kursus Macapat Kridha Mardawa Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, bebarengan ingkang Garwa, saka Ngayogyakarta karaya-raya nekani Roemah Martha Tilaar-Gombong rikala dina Jum’at ma­lem Sabtu tanggal 29 April 2016 wingi, amarga kepengin ngerti sarta melu nem-bang macapat kanggo ngiringi maca Geguritan. Jroning wawan pa­ngandikan karo para kadang warga Pagupon Kopong, mbak Junko Hi­ghasi ndikakake menawa seni bu­daya ing Jepang isih kalah karo seni budaya kang tuwuh ana ing Indonesia, utamane ing tanah Jawa. Negara Jepang kurang nguri-uri budaya kang sipate lokal dhaerah, dadi jenis bu­daya kang ngrembaka ya mung sethithik.
Ora kaya negara Indonesia, kang saben tlatah darbeni seni budaya kanthi ciri dhewe-dhewe, kabeh bisa tuwuh ngrembaka sarta bisa mad sinamadan, bebrayanan, tukar kawruh lan kajen kinajenan ing an­taraning para seniman lan se­niwa­tine.

Junko Higashi uga lagi ngawruhi menawa macapat bisa kanggo ngi­ringi seni Teater lan maca Geguritan, sarta nyatane dirasa bisa kepenak lan luwih apik, bisa narik kawigatene para kanoman. Macapat kolaborasi menawa ditegesi nggabungake utawa nyawijekake seni macapat lan seni-seni liyane kang ana, ing jaman biyen uga wis ana. Kayata macapat digabung karo seni Karawitan, dadi tuwuh gendhing Ladrang Pangkur, Ldr Asmarandana, Ktw Sinom, Ktw. Mijil, Ktw Gambuh, Tembang Palaran, lan isih akeh maneh liyane.

Macapat uga bisa digiring terbang dadi ana seni Santi swaran, seni Ja­neng lan liyane. Kabeh mau mung gumantung kawasisan sarta jem­baring wawasan para seniman/seniwati utawa kelompok seni kang ana, anggone darbe tekad memetri seni budaya, srana makarya kanthi temen, tekun sarta tlaten, bisa nu­wuhake gagasan anyar kang luwih manjila, kanggo bisa narik kawi­gatene warga masyarakat.
Jarene para winasis, Seni nut jaman ke­lakone. Kabeh bisa dicoba, waton bisa ditampa lan disenengi warganing bebrayan, mesthi bisa tuwuh ngrembaka. Nuwun. (*)

Sumber  : panjebarsemangat.com
Administrator

http://www.panjebarsemangat.co.id/berita-452-macapat-kolaborasi-apa-kuwi%E2%80%A6.html

Artikel lainnya